-
Wilangan 7:6-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Mula, Musa nampa kabèh grobag lan sapi lanang kuwi, terus mènèhké kuwi marang wong Lèwi. 7 Musa mènèhké grobag loro lan sapi lanang papat marang keturunané Gèrsyon sesuai karo sing dibutuhké bèn isa nindakké tugasé.+ 8 Musa mènèhké grobag papat lan sapi lanang wolu marang keturunané Mérari sesuai karo sing dibutuhké bèn isa nindakké tugasé. Kabèh tugasé wong-wong kuwi diawasi Itamar anaké Imam Harun.+ 9 Ning, keturunané Kohat ora diwènèhi apa-apa merga tugasé wong-wong kuwi mikul+ barang-barang sing digunakké ing panggonan suci.+
-
-
1 Babad 15:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Pas kuwi Daud kandha, ”Ora ana sing éntuk nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener, kecuali wong Lèwi. Yéhuwah wis milih wong-wong kuwi kanggo nggawa Pethiné Yéhuwah lan kanggo nglayani Dhèwèké sakterusé.”+
-