PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Babad 15
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 1 Babad

      • Wong Lèwi nggawa Pethi menyang Yérusalèm (1-29)

        • Mikhal ngrèmèhké Daud (29)

1 Babad 15:1

Réferènsi Silang

  • +2Sam 7:1, 2; 1Bb 16:1; Mzm 132:1-5

1 Babad 15:2

Réferènsi Silang

  • +Wi 4:15; PT 10:8

1 Babad 15:3

Réferènsi Silang

  • +2Sam 6:12; 1Bb 13:5

1 Babad 15:4

Réferènsi Silang

  • +Wi 3:2, 3
  • +1Bb 6:1

1 Babad 15:6

Réferènsi Silang

  • +1Bb 6:29, 30

1 Babad 15:7

Réferènsi Silang

  • +1Bb 23:6-8

1 Babad 15:8

Réferènsi Silang

  • +Pa 6:18, 22

1 Babad 15:10

Réferènsi Silang

  • +Pa 6:16, 18

1 Babad 15:11

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nyeluk”.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 8:17
  • +1Sam 22:20; 1Raj 2:27, 35

1 Babad 15:13

Réferènsi Silang

  • +2Sam 6:3
  • +2Sam 6:8
  • +Wi 4:15; PT 31:9

1 Babad 15:15

Réferènsi Silang

  • +Pa 25:14; Wi 4:6; 2Bb 5:9

1 Babad 15:16

Réferènsi Silang

  • +Mzm 33:2
  • +1Bb 16:5; 2Bb 5:12, 13

1 Babad 15:17

Réferènsi Silang

  • +1Bb 6:31, 33; 25:5
  • +1Bb 6:31, 39; 25:1, 2; Mzm 83:superskripsi
  • +1Bb 6:31, 44

1 Babad 15:18

Réferènsi Silang

  • +1Bb 25:9

1 Babad 15:19

Réferènsi Silang

  • +1Bb 6:31-33
  • +1Bb 25:1
  • +1Bb 13:8

1 Babad 15:20

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Alamot”. Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Mzm 46:superskripsi

1 Babad 15:21

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Syéminit”. Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +1Bb 16:4, 5
  • +Mzm 6:superskripsi

1 Babad 15:22

Réferènsi Silang

  • +1Bb 15:27

1 Babad 15:24

Réferènsi Silang

  • +1Bb 16:4, 6

1 Babad 15:25

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”para sesepuh”.

Réferènsi Silang

  • +1Bb 13:14
  • +2Sam 6:4, 5, 12

1 Babad 15:26

Réferènsi Silang

  • +2Sam 6:13

1 Babad 15:27

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 6:14, 15

1 Babad 15:28

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +1Bb 13:8
  • +1Bb 16:4, 6
  • +2Sam 6:5

1 Babad 15:29

Réferènsi Silang

  • +1Bb 17:1
  • +1Sam 18:27; 2Sam 3:13, 14
  • +2Sam 6:16

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

1 Bb. 15:12Sam 7:1, 2; 1Bb 16:1; Mzm 132:1-5
1 Bb. 15:2Wi 4:15; PT 10:8
1 Bb. 15:32Sam 6:12; 1Bb 13:5
1 Bb. 15:4Wi 3:2, 3
1 Bb. 15:41Bb 6:1
1 Bb. 15:61Bb 6:29, 30
1 Bb. 15:71Bb 23:6-8
1 Bb. 15:8Pa 6:18, 22
1 Bb. 15:10Pa 6:16, 18
1 Bb. 15:112Sam 8:17
1 Bb. 15:111Sam 22:20; 1Raj 2:27, 35
1 Bb. 15:132Sam 6:3
1 Bb. 15:132Sam 6:8
1 Bb. 15:13Wi 4:15; PT 31:9
1 Bb. 15:15Pa 25:14; Wi 4:6; 2Bb 5:9
1 Bb. 15:16Mzm 33:2
1 Bb. 15:161Bb 16:5; 2Bb 5:12, 13
1 Bb. 15:171Bb 6:31, 33; 25:5
1 Bb. 15:171Bb 6:31, 39; 25:1, 2; Mzm 83:superskripsi
1 Bb. 15:171Bb 6:31, 44
1 Bb. 15:181Bb 25:9
1 Bb. 15:191Bb 6:31-33
1 Bb. 15:191Bb 25:1
1 Bb. 15:191Bb 13:8
1 Bb. 15:20Mzm 46:superskripsi
1 Bb. 15:211Bb 16:4, 5
1 Bb. 15:21Mzm 6:superskripsi
1 Bb. 15:221Bb 15:27
1 Bb. 15:241Bb 16:4, 6
1 Bb. 15:251Bb 13:14
1 Bb. 15:252Sam 6:4, 5, 12
1 Bb. 15:262Sam 6:13
1 Bb. 15:272Sam 6:14, 15
1 Bb. 15:281Bb 13:8
1 Bb. 15:281Bb 16:4, 6
1 Bb. 15:282Sam 6:5
1 Bb. 15:291Bb 17:1
1 Bb. 15:291Sam 18:27; 2Sam 3:13, 14
1 Bb. 15:292Sam 6:16
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
1 Babad 15:1-29

1 Babad

15 Daud isih terus mbangun istana kanggo dhèwèké ing Kutha Daud, nyiapké panggonan kanggo Pethiné Gusti Allah sing bener, lan ngedegké kémah kanggo Pethi kuwi.+ 2 Pas kuwi Daud kandha, ”Ora ana sing éntuk nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener, kecuali wong Lèwi. Yéhuwah wis milih wong-wong kuwi kanggo nggawa Pethiné Yéhuwah lan kanggo nglayani Dhèwèké sakterusé.”+ 3 Terus, Daud nglumpukké kabèh wong Israèl ing Yérusalèm kanggo nggawa Pethiné Yéhuwah menyang panggonan sing wis dhèwèké siapké.+

4 Daud nglumpukké keturunané Harun+ lan wong Lèwi:+ 5 saka keturunané Kohat, Urièl sing dadi pemimpin lan 120 seduluré; 6 saka keturunané Mérari, Asaya+ sing dadi pemimpin lan 220 seduluré; 7 saka keturunané Gèrsyom, Yoèl+ sing dadi pemimpin lan 130 seduluré; 8 saka keturunané Èlizafan,+ Syémaya sing dadi pemimpin lan 200 seduluré; 9 saka keturunané Hébron, Èlièl sing dadi pemimpin lan 80 seduluré; 10 saka keturunané Uzièl,+ Aminadab sing dadi pemimpin lan 112 seduluré. 11 Terus, Daud ngundang* Imam Zadok,+ Imam Abiatar,+ lan wong-wong Lèwi, yaiku Urièl, Asaya, Yoèl, Syémaya, Èlièl, lan Aminadab. 12 Daud kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé kuwi kabèh pemimpin keluarga pihak bapaké wong Lèwi. Sucèkna awakmu lan sedulur-sedulurmu, lan gawanen Pethiné Yéhuwah Gusti Allahé Israèl menyang panggonan sing wis tak siapké. 13 Mbiyèn sing nggawa kuwi dudu kowé,+ mula Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé dadi nesu banget marang awaké dhéwé,+ merga awaké dhéwé ora nggolèk tuntunan soal piyé kuduné kuwi ditindakké.”+ 14 Mula, para imam lan wong Lèwi nyucèkké awaké kanggo nggawa Pethiné Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.

15 Wong Lèwi ngusung Pethiné Gusti Allah sing bener nganggo tongkat sing didèlèhké ing pundhaké,+ kaya sing dipréntahké Musa sesuai karo omongané Yéhuwah. 16 Terus, Daud ngongkon para pemimpiné wong Lèwi nglantik sedulur-seduluré wong Lèwi, yaiku para penyanyi. Wong-wong kuwi bakal nyanyi karo seneng lan diiringi alat-alat musik, yaiku alat musik bersenar, harpa,+ lan simbal.+

17 Mula, wong Lèwi nglantik Héman+ anaké Yoèl lan Asaf+ anaké Bérékhia saka antarané sedulur-seduluré. Sakliyané kuwi, wong Lèwi nglantik Étan+ anaké Kusyaya saka keturunané Mérari. 18 Bareng karo wong-wong kuwi, ana sedulur-seduluré wong-wong kuwi ing kelompok sing keloro,+ yaiku Zakharia, Bèn, Yaazièl, Syémiramot, Yéhièl, Uni, Èliab, Bénaya, Maaséya, Matitia, Èlifèlèhu, Miknéya, lan para penjaga gerbang yaiku Obèd-édom lan Yéièl. 19 Para penyanyi yaiku Héman,+ Asaf,+ lan Étan, padha mainké simbal tembaga;+ 20 Zakharia, Azièl, Syémiramot, Yéhièl, Uni, Èliab, Maaséya, lan Bénaya mainké alat musik sing nganggo senar sing nadané wis disetèl nganggo nada tinggi;*+ 21 Matitia,+ Èlifèlèhu, Miknéya, Obèd-édom, Yéièl, lan Azazia mainké harpa sing nadané wis disetèl nganggo nada rendah,*+ lan wong-wong kuwi dadi pemimpin musik. 22 Khénania+ pemimpiné wong Lèwi ngawasi pengangkutan merga dhèwèké ahli ing bidang kuwi. 23 Bérékhia lan Èlkana dadi penjaga gerbang ing cedhaké Pethi kuwi. 24 Para imam yaiku Syébania, Yosyafat, Nétanèl, Amasai, Zakharia, Bénaya, lan Èlièzèr nyebul trompèt banter banget ing ngarepé Pethiné Gusti Allah sing bener.+ Obèd-édom lan Yéhia ya tugas dadi penjaga gerbang ing cedhaké Pethi kuwi.

25 Terus, Daud lan para pemimpin* Israèl uga para pemimpiné wong sèwu lunga njupuk pethi perjanjiané Yéhuwah saka omahé Obèd-édom+ karo seneng banget.+ 26 Merga Gusti Allah sing bener mbantu wong Lèwi sing nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah, wong-wong kuwi ngorbanké sapi lanang enom pitu lan domba lanang pitu.+ 27 Daud nganggo jubah tanpa lengen sing digawé saka kain sing alus. Kabèh wong Lèwi sing nggawa Pethi kuwi, para penyanyi, lan Khénania sing mimpin pengangkutan lan para penyanyi ya nganggo jubah kaya ngono. Daud ya nganggo éfod* saka linèn.+ 28 Kabèh wong Israèl nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah karo seneng banget. Kabèh wong kuwi padha sorak-sorak+ lan ngunèkké trompèt,*+ trompèt liyané, simbal, karo mainké alat musik bersenar lan harpa,+ swarané banter banget.

29 Ning, wektu pethi perjanjiané Yéhuwah tekan ing Kutha Daud,+ Mikhal anaké wédok Saul+ ndelok saka jendhéla lan weruh Raja Daud lagi mlumpat-mlumpat lan ngrayakké kuwi. Terus, Mikhal mulai ngrèmèhké Daud ing njero atiné.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim