-
Kaimaman 5:16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Dhèwèké ya kudu mbayar ganti rugi merga nglanggar hukum soal panggonan suci, ditambah 20 persèn saka ganti rugi kuwi.+ Dhèwèké kudu nggawa kuwi marang imam. Terus, imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosa sing ditindakké wong kuwi diapura+ liwat domba lanang sing dadi persembahan kesalahan kuwi, lan Gusti Allah bakal ngapura wong kuwi.+
-
-
Kaimaman 6:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Sakliyané kuwi, wong kuwi kudu nggawa persembahan kesalahan marang Yéhuwah yaiku domba lanang siji sing séhat saka ternaké.+ Regané domba kuwi kudu padha karo rega sing wis ditentokké imam. Persembahan kuwi kudu diwènèhké marang imam. 7 Ing ngarepé Yéhuwah, imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong kuwi diapura, lan kesalahan apa waé sing wis ditindakké wong kuwi bakal diapura.”+
-
-
Kaimaman 7:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Hukum soal persembahan dosa lan hukum soal persembahan kesalahan kuwi padha. Daging kéwan persembahan kuwi bakal dadi duwèké imam sing mènèhké persembahan mau. Nganggo persembahan kuwi, imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosa diapura.+
-