-
Pangentasan 18:25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Musa milih wong-wong lanang Israèl sing trampil lan mènèhi wong-wong kuwi tugas dadi pemimpiné wong sèwu, pemimpiné wong satus, pemimpiné wong sèket, lan pemimpiné wong sepuluh.
-
-
Yosua 22:13, 14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Terus, wong Israèl ngutus Pinéhas+ anaké Imam Èléazar nemoni suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé ing tanah Giléad. 14 Ana sepuluh pemimpin sing lunga bareng dhèwèké, siji pemimpin saka saben suku Israèl. Sepuluh pemimpin kuwi kepala saka keluarga pihak bapak ing antarané éwonan wong Israèl.+
-
-
1 Babad 27:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
27 Iki kelompok-kelompoké wong Israèl sing dadi prajurité Raja. Ing kelompok-kelompok kuwi, ana pemimpin keluarga pihak bapak, pemimpiné wong sèwu, pemimpiné wong satus,+ lan para kepala sing ngurusi kelompok-kelompok kuwi.+ Saksuwéné setaun, kelompok-kelompok kuwi tugasé gentènan saben sasi. Jumlahé saben kelompok ana 24.000 wong.
-