-
Pangandharing Torèt 2:30-35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Ning, Sihon raja Hésbon ora ngéntukké awaké dhéwé liwat merga Yéhuwah Gusti Allahmu sengaja meneng waé wektu Sihon tetep ndableg,+ bèn dhèwèké isa diwènèhké ing tanganmu kaya sing kelakon saiki.+
31 ”Terus Yéhuwah kandha karo aku, ’Aku mènèhké Sihon lan tanahé marang kowé. Kowé kudu mulai ngrebut tanahé.’+ 32 Wektu Sihon lan pasukané perang karo awaké dhéwé ing Yahaz,+ 33 Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé mènèhké Sihon marang awaké dhéwé bèn awaké dhéwé ngalahké dhèwèké, anak-anaké lanang, lan pasukané. 34 Wektu kuwi, awaké dhéwé ngrebut lan ngremuk kutha-kuthané, terus matèni wong lanang, wong wédok, lan bocah-bocah. Ora ana sing slamet.+ 35 Awaké dhéwé njarah ternak mung kanggo awaké dhéwé, lan njarah barang-barang saka kutha sing wis direbut.
-
-
Para Hakim 11:19, 20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 ”’Sakwisé kuwi, Israèl ngirim utusan marang Sihon rajané wong Amori sing mréntah ing Hésbon. Israèl kandha, ”Tulung ijinké aku lan bangsaku ngliwati wilayahmu bèn tekan ing panggonanku.”+ 20 Ning, Sihon ora percaya lan ora ngijinké wong Israèl ngliwati dhaérahé. Mula, Sihon nglumpukké kabèh pasukané lan kémah ing Yahaz. Terus, Sihon nglawan Israèl.+
-