PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 21:21-26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Terus wong Israèl ngutus wong nemoni Sihon, rajané wong Amori, kanggo nyampèkké pesen,+ 22 ”Tulung ijinké aku ngliwati tanahé njenengan. Aku ora bakal ngliwati ladhang utawa kebon angguré njenengan, lan aku ya ora bakal ngombé saka sumur-sumuré njenengan. Aku mung bakal mlaku ngliwati Dalan Raja* nganti aku metu saka wilayahé njenengan.”+ 23 Ning, Sihon ora ngéntukké wong Israèl ngliwati tanahé. Dhèwèké malah nglumpukké kabèh pasukané terus nyerang Israèl ing padhang belantara. Pas tekan Yahaz, pasukan kuwi perang nglawan Israèl.+ 24 Israèl ngalahké pasukan kuwi nganggo pedhang+ lan ngrebut tanahé,+ saka Arnon+ nganti tekan Yabok,+ ing cedhak wilayahé wong Ammon. Tapi, wilayah sing direbut mung nganti tekan Yazèr+ merga Yazèr kuwi perbatasan wilayahé wong Ammon.+

      25 Mula, wong Israèl ngrebut kabèh kutha kuwi lan mulai manggon ing kabèh kuthané wong Amori,+ ing Hésbon lan kabèh kutha ing sekitaré. 26 Hésbon kuwi kuthané Sihon, rajané wong Amori. Sihon tau perang nglawan raja Moab lan ngrebut kabèh tanahé nganti tekan Arnon.

  • Pangandharing Torèt 2:26, 27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 ”Terus, aku ngutus wong-wong saka padhang belantara Kédémot+ marang Sihon raja Hésbon kanggo ngejak damai lan ngomong ngéné,+ 27 ’Apa aku éntuk ngliwati tanahmu? Aku mung bakal ngliwati dalan gedhé. Aku ora bakal ménggok ngiwa nengen.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim