-
Wilangan 16:39, 40Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
39 Mula, Imam Èléazar njupuki wadhah-wadhah bara saka tembaga duwèké wong-wong sing diobong mau. Wadhah bara kuwi dibentuk nganggo palu dadi lèmpèngan tipis kanggo nglapisi mézbah, 40 kaya sing diomongké Yéhuwah liwat Musa. Kuwi bakal dadi pangéling-éling kanggo wong Israèl nèk ora ana wong sing éntuk nyedhak kanggo ngobong dupa ing ngarepé Yéhuwah+ sakliyané keturunané Harun, lan ora ana sing éntuk niru Korah lan para pendukungé.+
-
-
2 Babad 26:16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Ning sakwisé dhèwèké dadi kuwat, dhèwèké dadi sombong. Kuwi sing nggawé dhèwèké cilaka. Dhèwèké nindakké dosa marang Yéhuwah Gusti Allahé wektu mlebu ing baité Yéhuwah kanggo mbakar dupa ing mézbah dupa.+
-
-
2 Babad 26:18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Para imam kuwi marani Raja Uzzia lan kandha, ”Uzzia, kowé ora pantes mbakar dupa kanggo Yéhuwah.+ Mung para imam sing éntuk mbakar dupa, merga para imam kuwi keturunané Harun,+ yaiku wong-wong sing wis disucèkké. Metua saka panggonan suci iki, merga kowé wis ora setya. Kowé ya ora bakal nampa kemuliaan saka Yéhuwah merga nindakké iki.”
-