PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 4:34
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 34 Wong-wong saka kabèh bangsa padha teka kanggo ngrungokké kawicaksanané Salomo, termasuk kabèh raja sing wis krungu soal kawicaksanané.+

  • 1 Para Raja 10:4-7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Wektu ratu saka Syéba ndelok kabèh kawicaksanané Salomo,+ omah sing dibangun Salomo,+ 5 panganan ing méjané,+ pengaturan lungguhané para pejabaté, cara pelayané ngladèni ing méja makan lan klambiné, juru minumané, lan korban bakaran sing ajeg diwènèhké ing omahé Yéhuwah, ratu kuwi nggumun banget.* 6 Mula dhèwèké kandha marang Raja, ”Kabar sing tak rungokké ing negaraku soal kesuksèsan lan kawicaksananmu jebulé kabèh bener. 7 Mauné aku ora percaya kabar kuwi nganti aku teka lan ndelok dhéwé. Jebulé, kabar sing tak rungokké kuwi ora ana separoné. Kawicaksanan lan kemakmurané njenengan kuwi ngluwihi kabar sing tak rungokké.

  • Danièl 1:19, 20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Pas Raja omong-omongan karo kabèh cah enom kuwi, ora ana sing kaya Danièl, Hanania, Misyaèl, lan Azaria.+ Mula, cah lanang papat kuwi tetep ing kana kanggo nglayani Raja. 20 Saben Raja nakoni masalah-masalah sing butuh pengetahuan lan pemahaman, jawabané cah lanang papat kuwi ping sepuluh luwih apik timbang kabèh ahli ilmu gaib lan para peramal+ ing kabèh wilayah kerajaan kuwi.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim