PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 30:1-3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 ”Nèk kabèh omongan iki mbok alami, yaiku berkah lan kutuk sing tak omongké marang kowé,+ lan kowé éling+ karo kabèh kuwi wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawé kowé mencar-mencar ing antarané bangsa-bangsa,+ 2 terus kowé lan anak-anakmu bali marang Yéhuwah Gusti Allahmu+ lan manut karo omongané Gusti Allah sing wis tak omongké marang kowé dina iki saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu,*+ 3 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé mulih saka panggonan wektu kowé dadi tawanan.+ Gusti Allah ya bakal mesakké+ karo kowé lan ngumpulké kowé saka panggonan-panggonan kowé dipencarké karo Yéhuwah Gusti Allahmu.+

  • Pangandharing Torèt 30:8-10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 ”Terus, kowé bakal ngrungokké omongané Yéhuwah manèh lan nindakké kabèh préntahé Gusti Allah sing tak omongké marang kowé dina iki. 9 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mberkahi kerja kerasmu.+ Dhèwèké bakal mènèhi kowé akèh keturunan, ternak, lan hasil panèn. Yéhuwah bakal ngrasa seneng nèk isa nggawé kowé makmur, kaya Dhèwèké ya ngrasa seneng wektu nggawé nènèk moyangmu makmur.+ 10 Terus, kowé bakal ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan nindakké kabèh préntah lan peraturané sing ana ing buku Hukum iki. Kowé ya bakal bali marang Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu.*+

  • 1 Para Raja 8:48, 49
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 48 terus wong-wong kuwi bali saktulusé atiné+ lan sepenuh jiwané* ing negarané mungsuhé sing nawan wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ndonga marang Njenengan karo madhep ing arah tanah sing Njenengan wènèhké marang nènèk moyangé lan madhep ing arah kutha sing Njenengan pilih lan madhep ing arah omah sing tak bangun kanggo jeneng-Mu,+ 49 rungokna donga lan apa sing dijaluk wong-wong kuwi saka panggonan-Mu ing swarga,+ lan wènèhana wong-wong kuwi keadilan.

  • Yérémia 29:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 ”’Kowé bakal bali marang Aku lan nyembah Aku,+ merga kowé bakal saktulusé ati nggolèk tuntunan-Ku.+

  • Yoèl 2:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Yéhuwah kandha, ”Saiki, kowé kudu mertobat lan bali marang Aku saktulusé atimu+

      Karo pasa+ lan nangis.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim