PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 4:29
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 29 ”Nèk ing kana kowé nggolèki Yéhuwah Gusti Allahmu, lan nèk kowé nggolèki Dhèwèké+ saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu,*+ kowé mesthi bakal nemokké Dhèwèké.

  • Pangandharing Torèt 30:1-4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 ”Nèk kabèh omongan iki mbok alami, yaiku berkah lan kutuk sing tak omongké marang kowé,+ lan kowé éling+ karo kabèh kuwi wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawé kowé mencar-mencar ing antarané bangsa-bangsa,+ 2 terus kowé lan anak-anakmu bali marang Yéhuwah Gusti Allahmu+ lan manut karo omongané Gusti Allah sing wis tak omongké marang kowé dina iki saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu,*+ 3 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé mulih saka panggonan wektu kowé dadi tawanan.+ Gusti Allah ya bakal mesakké+ karo kowé lan ngumpulké kowé saka panggonan-panggonan kowé dipencarké karo Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 4 Senajan kowé dipencarké tekan pucuké bumi, Yéhuwah Gusti Allahmu mesthi bakal ngumpulké kowé lan nggawa kowé bali.+

  • 1 Para Raja 8:47, 48
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 47 lan wektu ditawan ing negara kuwi,+ wong-wong kuwi sadhar, terus bali marang Njenengan+ lan njaluk bèn dimesakké,+ lan kandha, ’Aku kabèh wis dosa lan tumindak salah. Aku kabèh wis tumindak jahat,’+ 48 terus wong-wong kuwi bali saktulusé atiné+ lan sepenuh jiwané* ing negarané mungsuhé sing nawan wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ndonga marang Njenengan karo madhep ing arah tanah sing Njenengan wènèhké marang nènèk moyangé lan madhep ing arah kutha sing Njenengan pilih lan madhep ing arah omah sing tak bangun kanggo jeneng-Mu,+

  • Yérémia 24:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Aku bakal nggawé atiné wong-wong kuwi padha péngin kenal Aku, yaiku nèk Aku iki Yéhuwah.+ Wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahé,+ merga wong-wong kuwi bakal saktulusé ati+ mertobat marang Aku.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim