PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 34:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Yéhuwah liwat ing ngarepé Musa lan kandha, ”Yéhuwah, Yéhuwah, Gusti Allah sing apikan,+ gampang mesakké,+ sabar,+ nduwé katresnan* sing gedhé banget,+ mesthi nepati janjiné,*+

  • Pangandharing Torèt 30:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé mulih saka panggonan wektu kowé dadi tawanan.+ Gusti Allah ya bakal mesakké+ karo kowé lan ngumpulké kowé saka panggonan-panggonan kowé dipencarké karo Yéhuwah Gusti Allahmu.+

  • 2 Babad 30:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Nèk kowé mertobat marang Yéhuwah, wong-wong sing nawan sedulur-sedulurmu lan anak-anakmu bakal mesakké karo kowé lan bakal ngéntukké sedulurmu+ lan anakmu bali ing tanah iki,+ merga Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi apikan* lan gampang mesakké.+ Dhèwèké ora bakal ninggalké kowé nèk kowé mertobat marang Dhèwèké.”+

  • Néhémia 9:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Merga mesakké, Njenengan ora nyingkirké utawa ninggalké wong-wong kuwi,+ merga Njenengan Gusti Allah sing apikan lan gampang mesakké.+

  • Yésaya 54:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 ”Aku ninggalké kowé mung sedhéla,

      Ning merga Aku mesakké karo kowé, Aku ngumpulké kowé manèh.+

  • Yésaya 55:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Muga-muga wong sing jahat ora nindakké kejahatan manèh+

      Lan ora nggawé rencana jahat manèh.

      Muga-muga wong kuwi mertobat lan bali marang Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé sing bakal mesakké karo wong kuwi,+

      Merga Gusti Allah bakal bener-bener ngapura wong kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim