-
Wilangan 21:23, 24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Ning, Sihon ora ngéntukké wong Israèl ngliwati tanahé. Dhèwèké malah nglumpukké kabèh pasukané terus nyerang Israèl ing padhang belantara. Pas tekan Yahaz, pasukan kuwi perang nglawan Israèl.+ 24 Israèl ngalahké pasukan kuwi nganggo pedhang+ lan ngrebut tanahé,+ saka Arnon+ nganti tekan Yabok,+ ing cedhak wilayahé wong Ammon. Tapi, wilayah sing direbut mung nganti tekan Yazèr+ merga Yazèr kuwi perbatasan wilayahé wong Ammon.+
-
-
Yosua 12:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Wong Israèl ngrebut dhaérah sing ana ing sisih wétané Kali Yordan, saka Lembah Arnon*+ tekan Gunung Hèrmon+ lan kabèh dhaérah Araba sisih wétan.+ Iki raja-raja sing dikalahké wong Israèl: 2 Raja Sihon+ yaiku rajané wong Amori sing manggon ing Hésbon. Dhèwèké nguwasani Aroèr+ sing ana ing pinggiré Lembah Arnon.*+ Dhèwèké ya nguwasani tengah-tengahé lembah kuwi lan setengahé Giléad nganti tekan Lembah* Yabok, ing batas dhaérahé wong Ammon.
-