PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 28:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 ”Ning, nèk kowé ora ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan ora nindakké préntah lan peraturané sing tak omongké marang kowé dina iki, kowé mesthi bakal kena kabèh kutukan iki:+

  • Pangandharing Torèt 28:23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Dhèwèké bakal nutup langit bèn ora ana udan lan bakal nggawé lemah dadi gersang.*+

  • 1 Para Raja 8:35, 36
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 35 ”Wektu langit ketutup lan ora ana udan+ merga wong-wong kuwi bola-bali nggawé dosa marang Njenengan,+ terus wong-wong kuwi ndonga karo madhep panggonan iki lan ngluhurké jeneng-Mu lan mbalik saka dosa-dosané merga Njenengan ngrendhahké wong-wong kuwi,*+ 36 muga-muga Njenengan ngrungokké saka swarga lan ngapura dosané abdi-Mu, yaiku umat-Mu Israèl. Wulangen+ wong-wong kuwi soal cara urip sing apik sing kudu dilakoni, lan wènèhana udan ing tanah-Mu+ sing wis Njenengan wènèhké dadi warisan marang umat-Mu.

  • 2 Babad 7:13, 14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Nèk Aku nutup langit nganti ora ana udan, ngongkon walang nyerang tanah iki, utawa ngirim wabah kanggo umat-Ku, 14 terus umat-Ku sing disebut nganggo jeneng-Ku+ kuwi ngrendhahké dhiri,+ ndonga, nggolèki Aku, lan mertobat saka tumindaké sing jahat,+ Aku bakal ngrungokké saka swarga lan ngapura dosa-dosané, lan nggawé tanah kuwi subur manèh.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim