19 Kabèh sumbangan suci sing bakal diwènèhké wong Israèl marang Yéhuwah+ wis Tak wènèhké kowé. Kuwi dadi jatahmu lan jatahé keturunanmu, yaiku anak-anakmu lanang lan wédok, nganti sakterusé.+ Iki perjanjian garam* antarané Yéhuwah, kowé, lan keturunanmu nganti sakterusé.”
11 Kowé kudu nggawa kabèh sing tak préntahké menyang panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo mulyakké jenengé,+ yaiku persembahan bakaran, korban, sepersepuluhan,+ sumbangan, lan kabèh persembahan merga nggawé janji marang Yéhuwah.