-
Pangandharing Torèt 12:18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Ning, kuwi kabèh kudu mbok pangan ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu ing panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu,+ bareng karo anak-anakmu lanang, anak-anakmu wédok, budhakmu lanang, budhakmu wédok, lan wong Lèwi sing ana ing kutha-kuthamu. Kowé kudu ngrasa seneng ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu merga hasil kerja kerasmu.
-
-
Pangandharing Torèt 14:26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Kowé éntuk nggunakké dhuwit kuwi kanggo tuku apa waé sing mbok péngini, misalé sapi, domba, kambing, anggur, minuman keras, lan apa waé sing mbok senengi. Kuwi kudu mbok pangan ing kana, ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu. Kowé kudu ngrasa seneng bareng karo keluargamu.+
-
-
Mazmur 32:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Hé kowé wong sing bener, kowé kudu seneng lan bahagia merga Yéhuwah.
Hé kowé kabèh sing tulus atiné, kowé kudu sorak-sorak merga seneng.
-
-
Mazmur 100:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Kowé kudu ngrasa seneng wektu nyembah Yéhuwah.+
Ayo padha mara ing ngarepé lan sorak-sorak.
-