7 Mula, wong Israèl milih* kutha-kutha iki: Kèdès+ ing Galiléa ing dhaérah pegunungan Naftali; Syikhèm+ ing dhaérah pegunungan Éfraim; lan Kiriat-arba,+ yaiku Hébron ing dhaérah pegunungan Yéhuda.
9 Kuwi kutha-kutha sing ditentokké kanggo kabèh wong Israèl lan penduduk asing sing manggon ing antarané wong Israèl. Sapa waé sing ora sengaja matèni wong isa mlayu mrana.+ Wong mau ora bakal dipatèni karo wong sing nduwé hak kanggo mbales sakdurungé diadili ing ngarepé jemaat.+