-
Wilangan 21:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Terus, saka kono wong-wong kuwi mangkat lan kémah ing wilayah Arnon.+ Arnon kuwi ana ing padhang belantara, sing wilayahé dimulai saka perbatasan wilayahé wong Amori. Arnon kuwi ya perbatasan wilayah Moab, antara wilayahé Moab lan wong Amori.
-
-
Para Hakim 11:17, 18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Terus, Israèl ngirim utusan marang raja Édom,+ kandhané, ”Tulung ijinké aku lan bangsaku ngliwati wilayahmu,” ning raja Édom ora ngrungokké. Wong Israèl ya ngirim pesen marang raja Moab,+ ning ya ora diijinké. Mula, wong Israèl tetep manggon ing Kadès.+ 18 Wektu mlaku ing padhang belantara, wong Israèl ora ngliwati tanah Édom+ lan Moab. Wong-wong kuwi mlaku ing sisih wétané Moab+ lan kémah ing dhaérah Arnon. Wong-wong kuwi ora mlebu ing dhaérahé Moab,+ merga Arnon kuwi perbatasané Moab.
-