PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 13:33
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 33 Aku ya ndelok raksasa-raksasa* keturunané Anak.+ Wong-wong kuwi keturunané Néfilim. Nèk dibandhingké wong-wong kuwi, awaké dhéwé iki mung kaya walang. Wong-wong kuwi mesthi ya nganggep awaké dhéwé kaya ngono.”

  • Wilangan 14:1-3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Terus, kabèh wong Israèl padha mbengok lan nangis banter banget sewengi muput.+ 2 Kabèh wong Israèl protès marang Musa lan Harun.+ Kabèh wong kuwi sambat, ”Mendhing aku tak mati waé ing Mesir apa mati ing padhang belantara iki! 3 Ngapa Yéhuwah ndadak nggawa awaké dhéwé ing tanah iki?+ Apa bèn awaké dhéwé dipatèni nganggo pedhang?+ Anak lan bojoku bakal dadi tawanan. Mendhing awaké dhéwé bali waé menyang Mesir.”+

  • Wilangan 32:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Pas wong-wong kuwi munggah ing Lembah* Èskol+ lan ndelok tanah kuwi, wong-wong kuwi nggawé wong Israèl dadi ora semangat nganti wong Israèl ora gelem mlebu menyang tanah sing arep diwènèhké Yéhuwah marang wong-wong kuwi.+

  • Pangandharing Torèt 1:28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Ngapa kok awaké dhéwé ndadak mrono? Sedulur-seduluré awaké dhéwé nggawé awaké dhéwé wedi+ lan kandha, ”Wong-wong ing kono luwih gedhé lan luwih dhuwur timbang awaké dhéwé. Kutha-kuthané gedhé lan bèntèngé dhuwuré tekan langit.+ Ing kono ya ana wong Anakim.”’+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim