PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Para Hakim 3:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Wong Israèl nglayani Églon raja Moab 18 taun suwéné.+

  • Para Hakim 6:1-5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Ning, wong Israèl nindakké manèh apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah.+ Mula, Yéhuwah ora mbantu wong Israèl wektu ditindhes wong Midian pitung taun suwéné.+ 2 Wong Midian nindhes wong Israèl.+ Merga wong Midian, wong Israèl nggawé panggonan kanggo ndhelik* ing gunung-gunung, guwa-guwa, lan panggonan liyané sing angèl diparani.+ 3 Nèk wong Israèl nyebar benih, wong Midian, wong Amalèk,+ lan wong-wong saka Wétan+ bakal nyerang wong Israèl. 4 Wong-wong kuwi padha kémah bèn isa nyerang lan ngrusak hasil tanahé wong Israèl nganti tekan Gaza. Mula, wong Israèl babar blas ora nduwé panganan, domba, sapi, utawa keledai.+ 5 Wong-wong kuwi akèhé kaya walang+ lan padha teka karo nggawa ternak lan téndha. Unta-untané ya akèh nganti ora isa diétung.+ Wong-wong kuwi teka arep ngremuk tanah Israèl.

  • Néhémia 9:27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Kuwi sebabé Njenengan nyerahké wong-wong kuwi marang mungsuh-mungsuhé+ sing bola-bali nggawé wong-wong kuwi susah banget.+ Ning wektu susah, wong-wong kuwi njaluk tulung marang Njenengan, lan Njenengan ngrungokké saka swarga. Merga Njenengan mesakké karo wong-wong kuwi, Njenengan mènèhi penyelamat kanggo mbébaské wong-wong kuwi saka tangané mungsuh-mungsuhé.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim