PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 4:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Kowé kudu bener-bener manut,+ merga wong-wong sing ngrungokké kabèh peraturan iki bakal ngerti nèk kowé wicaksana+ lan nduwé pemahaman.+ Wong-wong kuwi bakal kandha, ’Bangsa sing gedhé iki pancèn wicaksana lan nduwé pemahaman.’+

  • Pangandharing Torèt 8:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 kowé kudu éling nèk Yéhuwah Gusti Allahmu sing mènèhi kuwasa marang kowé bèn isa dadi sugih.+ Kuwi merga Gusti Allah nepati sumpahé marang nènèk moyangmu, kaya sing wis ditindakké dina iki.+

  • Yosua 1:7, 8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 ”Kowé kudu kendel lan bener-bener kuwat. Manuta tenanan karo kabèh Hukum sing wis dipréntahké Musa abdi-Ku. Aja nganti kowé ora manut+ supaya kowé isa terus dadi wong sing wicaksana.*+ 8 Kowé kudu terus ngomongké isiné buku Hukum iki.+ Kowé kudu maca lan mikirké kuwi tenanan* awan lan bengi supaya kowé isa manut karo sing ditulis ing kono.+ Nèk kuwi mbok lakoni, sing mbok tindakké bakal berhasil lan kowé dadi wong sing wicaksana.+

  • 1 Para Raja 2:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Kowé kudu terus nindakké kewajibanmu marang Yéhuwah Gusti Allahmu, carané yaiku nindakké sing dikarepké lan manut karo peraturané, préntahé, hukumé, lan pangéling-élingé sing ditulis ing Hukum Musa.+ Nèk kuwi mbok tindakké, kabèh sing mbok lakoni bakal suksès* ing endi waé kowé lunga.

  • Mazmur 103:17, 18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Tapi katresnané Yéhuwah* marang wong sing wedi marang Dhèwèké+

      Bakal ana saklawasé,*

      Lan Dhèwèké apikan marang anak putuné wong kuwi,+

      18 Marang wong sing manut karo perjanjiané Gusti Allah,+

      Lan marang wong sing tenanan nindakké préntahé.

  • Lukas 11:28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Ning Yésus kandha, ”Wong sing bahagia kuwi wong sing ngrungokké lan nindakké omongané Gusti Allah.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim