-
Pangandharing Torèt 2:25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Mulai dina iki, Aku bakal nggawé wong-wong ing bumi sing krungu soal kowé dadi wedi. Wong-wong kuwi bakal kuwatir lan ndredheg merga kowé.’+
-
-
Yosua 2:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 sebab wis padha krungu nèk Yéhuwah ngasatké Laut Merah ing ngarepmu wektu kowé metu saka Mesir.+ Kabèh wong ing kéné ya krungu nèk kowé wis matèni rajané wong Amori sing ana ing sabrangé* Kali Yordan, yaiku Sihon+ lan Og.+ 11 Wektu krungu kuwi, kabèh wong ing kéné dadi wedi lan ora ana sing wani ngadhepi kowé merga Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi Gusti Allah sing nguwasani langit lan bumi.+
-