-
Pangandharing Torèt 7:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawa kowé menyang tanah sing bakal mbok tekani lan mbok rebut,+ Dhèwèké ya bakal nyingkirké bangsa pitu sing gedhé,+ yaiku wong Hèt, wong Girgasyi, wong Amori,+ wong Kanaan, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+ Bangsa-bangsa kuwi luwih akèh lan luwih kuwat timbang kowé.+
-
-
Pangandharing Torèt 31:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Terus, Musa ngundang* Yosua lan ngomong karo dhèwèké ing ngarepé kabèh wong Israèl, ”Kowé kudu kendel lan kuwat,+ merga kowé sing bakal mimpin bangsa iki menyang tanah sing diwènèhké Yéhuwah marang bangsa iki, kaya janjiné marang nènèk moyangé bangsa iki. Tanah kuwi bakal mbok wènèhké bèn dadi warisan kanggo bangsa iki.+
-