-
Para Hakim 3:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Ana bangsa-bangsa sing diijinké Yéhuwah tetep ana bèn isa nguji kabèh wong Israèl sing durung tau perang karo Kanaan.+ 2 (Kuwi supaya keturunané wong Israèl* sing durung tau perang isa éntuk pengalaman lan dilatih perang.) 3 Sing isih ana yaiku lima pemimpiné wong Filistin+ lan kabèh wong Kanaan, karo wong Sidon+ lan wong Hèwi+ sing manggon ing Gunung Lébanon,+ saka Gunung Baal-hèrmon tekan Lébo-hamat.*+
-