13Saiki Yosua wis saya tuwa lan sedhéla manèh wis arep mati.+ Mula Yéhuwah kandha, ”Kowé wis saya tuwa lan sedhéla manèh arep mati, ning isih akèh dhaérah sing kudu direbut.*
6 kabèh dhaérahé wong Sidon sing manggon ing pegunungan saka Lébanon+ nganti tekan Misréfot-maim,+ termasuk kabèh wong Sidon.+ Aku bakal ngusir wong-wong kuwi saka ngarepé wong Israèl.+ Tugasmu mung mbagi kuwi dadi warisan kanggo bangsa Israèl kaya sing Tak préntahké marang kowé.+