-
Wilangan 32:20-22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Musa njawab, ”Nèk ngono, kowé kudu ngéné: Siap-siapa perang kaya sing dipréntahké Yéhuwah,+ 21 lan sabrangana Kali Yordan terus peranga kanggo Yéhuwah. Wektu Gusti Allah ngusir mungsuh-mungsuhé saka ngarepé+ 22 lan tanah kuwi mbok kalahké nganggo bantuané Yéhuwah,+ kowé lagi éntuk bali.+ Dadi, kowé bébas saka kesalahan marang Yéhuwah lan Israèl. Sakwisé kuwi, wilayah iki bakal dadi wilayah sing diwènèhké Yéhuwah marang kowé.+
-
-
Wilangan 32:25-29Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Terus keturunané Gad lan keturunané Rubèn njawab, ”Para abdimu iki bakal nindakké persis kaya sing njenengan préntahké. 26 Anak-anakku, bojoku, ternakku, lan kabèh kéwan peliharaanku bakal manggon ing kana, ing kutha-kutha ing Giléad.+ 27 Ning, kabèh abdimu iki bakal nyabrang Kali Yordan lan siap perang ing ngarepé Yéhuwah,+ kaya sing njenengan préntahké.”
28 Mula, Musa mènèhi préntah marang Imam Èléazar, Yosua anaké Nun, lan para pemimpin keluarga pihak bapak saka kabèh suku Israèl. 29 Musa kandha, ”Nèk kabèh keturunané Gad lan keturunané Rubèn nyabrang Kali Yordan lan siap perang ing ngarepé Yéhuwah bareng kowé, terus tanah kuwi dikalahké ing ngarepmu, kowé kudu mènèhké wilayah Giléad kanggo wong-wong kuwi.+
-