16Sakwisé diundhi,*+ tanah kanggo keturunané Yusuf+ yaiku saka Kali Yordan ing Yérikho nganti tekan mata air ing wétané Yérikho. Terus, saka Yérikho munggah ngliwati padhang belantara menyang dhaérah pegunungan Bètel.+
3 Batas kuwi terus mudhun ngulon menyang batas dhaérahé wong Yaflèt nganti tekan perbatasané Bèt-horon Ngisor+ lan Gèzèr,+ terus batasé mentog ing Laut Besar.*
13 Saka kana, batasé isih terus menyang Luz, ing lèrèng Luz sisih kidul, yaiku Bètel.+ Batasé mudhun menyang Atarot-adar+ ing gunung sing ana ing sisih kidulé Bèt-horon Ngisor.+