Yosua
16 Sakwisé diundhi,*+ tanah kanggo keturunané Yusuf+ yaiku saka Kali Yordan ing Yérikho nganti tekan mata air ing wétané Yérikho. Terus, saka Yérikho munggah ngliwati padhang belantara menyang dhaérah pegunungan Bètel.+ 2 Saka Bètel ing Luz, batasé isih terus menyang batas dhaérahé wong Arkhi ing Atarot. 3 Batas kuwi terus mudhun ngulon menyang batas dhaérahé wong Yaflèt nganti tekan perbatasané Bèt-horon Ngisor+ lan Gèzèr,+ terus batasé mentog ing Laut Besar.*
4 Mula keturunané Yusuf,+ yaiku suku Manasyé lan suku Éfraim, ngenggoni tanahé dhéwé-dhéwé.+ 5 Iki batas dhaérah keturunané Éfraim nurut keluargané: Batas sisih wétan tanah warisané yaiku Atarot-adar+ nganti tekan Bèt-horon Ndhuwur,+ 6 lan terus tekan laut. Saka Mikhmétat+ ing lor, batasé ménggok ngétan menyang Taanat-syilo lan terus ngétan menyang Yanoa. 7 Saka Yanoa, batas kuwi mudhun menyang Atarot lan Naara nganti tekan Yérikho+ lan terus tekan Kali Yordan. 8 Saka Tapua,+ batasé terus ngulon menyang Lembah* Kanah lan mentog ing laut.+ Kuwi tanah warisané suku Éfraim nurut keluargané. 9 Keturunané Éfraim ya nduwé kutha-kutha, termasuk désa-désa, ing wilayahé Manasyé.+
10 Ning, wong Éfraim ora ngusir wong Kanaan sing manggon ing Gèzèr.+ Wong Kanaan kuwi manggon bareng wong Éfraim nganti saiki+ lan dadi budhak kerja paksa.+