PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 26:3-12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 ”’Nèk kowé urip manut peraturan-peraturan-Ku, manut préntah-préntah-Ku, lan nindakké kuwi kabèh,+ 4 Aku bakal mènèhi udan pas musimé+ bèn tanah kuwi ngetokké hasilé+ lan wit-wit ing ladhang ngetokké buah. 5 Panènanmu bakal akèh banget. Durung rampung kowé nggiles* gandum, kowé wis kudu manèn anggur. Pas kowé isih manèn anggur, kowé wis kudu nyebar benih. Kowé bakal mangan roti nganti puas, lan kowé ya bakal aman manggon ing negaramu.+ 6 Aku bakal nggawé negaramu tentrem,+ lan kowé bakal turu tanpa ana sing nggawé kowé wedi.+ Aku bakal ngusir kéwan buas saka negaramu, lan ora ana sing bakal nyerang kowé nganggo pedhang. 7 Kowé mesthi bakal ngoyak* mungsuh-mungsuhmu lan ngalahké mungsuh-mungsuhmu nganggo pedhang. 8 Wong lima saka antaramu bakal ngoyak* wong 100, lan wong 100 bakal ngoyak wong 10.000. Kowé bakal ngalahké mungsuh-mungsuhmu nganggo pedhang.+

      9 ”’Aku bakal mberkahi kowé. Aku bakal nggawé kowé nduwé akèh anak,+ lan keturunanmu bakal dadi akèh banget. Perjanjian-Ku karo kowé bakal Tak tepati.+ 10 Kowé bakal nglumpukké hasil panèn sing akèh banget nganti cukup kanggo taun sakwisé kuwi. Hasil panèn kuwi akèh banget nganti kowé kudu mbuwang hasil panèn sing sakdurungé bèn ana panggonan kanggo nyimpen hasil panèn sing anyar. 11 Aku bakal ndèlèhké tabernakel-Ku ing tengah-tengahmu,+ lan Aku ora bakal nolak kowé. 12 Aku bakal bareng karo kowé lan dadi Gusti Allahmu,+ lan kowé bakal dadi umat-Ku.+

  • Pangandharing Torèt 28:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 ”Nèk kowé tenanan ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan tenanan nindakké kabèh préntahé sing tak omongké marang kowé dina iki, Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawé kowé luwih unggul timbang kabèh bangsa liya ing bumi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim