PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 28:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 ”Ning, nèk kowé ora ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan ora nindakké préntah lan peraturané sing tak omongké marang kowé dina iki, kowé mesthi bakal kena kabèh kutukan iki:+

  • Pangandharing Torèt 28:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 ”Yéhuwah bakal ngutuk kabèh sing mbok usahakké. Dhèwèké bakal nggawé kowé kuwatir lan bakal ngukum kowé nganti kowé dipatèni lan disingkirké, merga kowé wis nindakké sing jahat lan ninggalké Dhèwèké.*+

  • Yosua 23:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Nèk kowé nglanggar perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahmu sing kuduné mbok tepati lan nèk kowé nyembah lan sujud marang allah-allah liya, Yéhuwah bakal nesu banget marang kowé.+ Kowé ya bakal langsung disingkirké saka tanah sing apik iki sing wis diwènèhké marang kowé.”+

  • 2 Babad 15:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Terus, dhèwèké nemoni Asa lan kandha, ”Asa lan kabèh wong Yéhuda lan Bènyamin, rungokna aku. Yéhuwah ndhukung kowé nèk kowé tetep setya karo Dhèwèké.+ Nèk kowé nggolèki Dhèwèké, Dhèwèké bakal mbok temokké.*+ Ning nèk kowé ninggalké Dhèwèké, Dhèwèké bakal ninggalké kowé.+

  • Yésaya 63:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Tapi, wong-wong kuwi mbrontak+ lan nggawé Gusti Allah sedhih merga ora gelem nampa roh suciné.*+

      Mula, Dhèwèké dadi mungsuhé wong-wong kuwi+

      Lan nglawan wong-wong kuwi.+

  • Yérémia 17:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Oh Yéhuwah, harapané Israèl,

      Kabèh sing ninggalké Njenengan bakal digawé isin.

      Wong-wong sing nyimpang saka Njenengan* bakal disingkirké.*+

      Sebab wong-wong kuwi wis ninggalké Yéhuwah, sumberé banyu sing marahi urip.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim