PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 9:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Yéhuwah nyebabké ana geni+ sing ngobong persembahan bakaran lan gajih-gajih sing ana ing mézbah nganti entèk. Pas ndelok kuwi, wong-wong padha sorak-sorak lan sujud.+

  • Para Hakim 13:19, 20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Terus, Manoah njupuk kambing enom lan persembahan biji-bijian. Kuwi diwènèhké marang Yéhuwah ing ndhuwur watu. Bar kuwi, Gusti Allah nindakké perkara sing luar biasa ing ngarepé Manoah lan bojoné. 20 Pas geniné munggah ing langit saka mézbah mau, Manoah lan bojoné ndelok malaékaté Yéhuwah mlebu ing geni kuwi lan munggah ing langit. Wong loro kuwi langsung sujud.

  • 1 Para Raja 18:38
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 38 Terus, Yéhuwah nyebabké ana geni saka langit sing ngobong nganti entèk persembahan bakaran,+ tumpukan kayu, watu-watu, lan lemah sing ana ing kana. Banyu sing ana ing kalèn* kuwi ya entèk kena geni.+

  • 1 Babad 21:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 Terus, Daud mbangun mézbah+ kanggo Yéhuwah lan mènèhké korban bakaran lan korban kerukunan.* Dhèwèké ndonga marang Yéhuwah lan sing dijawab nganggo geni+ saka langit sing ngobong persembahan ing mézbah kuwi.

  • 2 Babad 7:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Sakwisé Salomo rampung ndonga,+ ana geni saka langit mudhun+ lan ngobong persembahan bakaran lan korban-korban. Kemuliaané Yéhuwah ana ing omah kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim