PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Babad 21
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 1 Babad

      • Daud ora manut lan ngétung jumlahé wong Israèl (1-6)

      • Hukuman saka Yéhuwah (7-17)

      • Daud mbangun mézbah (18-30)

1 Babad 21:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa mungkin ”salah siji penentang”.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 24:1-3

1 Babad 21:2

Réferènsi Silang

  • +2Sam 8:16
  • +PH 18:29; 2Sam 17:11

1 Babad 21:4

Réferènsi Silang

  • +2Sam 24:4, 8

1 Babad 21:5

Réferènsi Silang

  • +2Sam 24:9

1 Babad 21:6

Réferènsi Silang

  • +Wi 1:47
  • +1Bb 27:23, 24

1 Babad 21:8

Réferènsi Silang

  • +2Sam 12:13
  • +Mzm 25:11; 51:1
  • +2Sam 24:10-14

1 Babad 21:9

Réferènsi Silang

  • +1Bb 29:29

1 Babad 21:12

Réferènsi Silang

  • +Km 26:26
  • +Km 26:14, 17
  • +Km 26:25
  • +2Raj 19:35

1 Babad 21:13

Réferènsi Silang

  • +Pa 34:6; Mzm 51:1; Yés 55:7; KP 3:22
  • +2Bb 28:9

1 Babad 21:14

Réferènsi Silang

  • +Wi 16:46
  • +2Sam 24:15, 16

1 Babad 21:15

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”gela”.

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Pa 32:14; PT 32:36
  • +Mzm 90:13
  • +2Bb 3:1
  • +2Sam 5:6

1 Babad 21:16

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”para sesepuh”.

Réferènsi Silang

  • +Wi 22:31; Yos 5:13
  • +2Sam 24:17
  • +2Raj 19:1

1 Babad 21:17

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”domba-domba iki”.

Réferènsi Silang

  • +Mzm 51:4
  • +Pa 32:12; Wi 16:22

1 Babad 21:18

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 24:11
  • +2Sam 24:18-23; 2Bb 3:1

1 Babad 21:20

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

1 Babad 21:21

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

1 Babad 21:22

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Wènèhna”.

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Wi 25:8

1 Babad 21:23

Réferènsi Silang

  • +Yés 28:27

1 Babad 21:24

Réferènsi Silang

  • +2Sam 24:24, 25

1 Babad 21:25

Cathetan Ngisor

  • *

    1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

1 Babad 21:26

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Pa 20:25
  • +Km 9:23, 24; 1Raj 18:38; 2Bb 7:1

1 Babad 21:27

Réferènsi Silang

  • +2Sam 24:16; Mzm 103:20

1 Babad 21:28

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

1 Babad 21:29

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +1Raj 3:4; 1Bb 16:39; 2Bb 1:3

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

1 Bb. 21:12Sam 24:1-3
1 Bb. 21:22Sam 8:16
1 Bb. 21:2PH 18:29; 2Sam 17:11
1 Bb. 21:42Sam 24:4, 8
1 Bb. 21:52Sam 24:9
1 Bb. 21:6Wi 1:47
1 Bb. 21:61Bb 27:23, 24
1 Bb. 21:82Sam 12:13
1 Bb. 21:8Mzm 25:11; 51:1
1 Bb. 21:82Sam 24:10-14
1 Bb. 21:91Bb 29:29
1 Bb. 21:12Km 26:26
1 Bb. 21:12Km 26:14, 17
1 Bb. 21:12Km 26:25
1 Bb. 21:122Raj 19:35
1 Bb. 21:13Pa 34:6; Mzm 51:1; Yés 55:7; KP 3:22
1 Bb. 21:132Bb 28:9
1 Bb. 21:14Wi 16:46
1 Bb. 21:142Sam 24:15, 16
1 Bb. 21:15Pa 32:14; PT 32:36
1 Bb. 21:15Mzm 90:13
1 Bb. 21:152Bb 3:1
1 Bb. 21:152Sam 5:6
1 Bb. 21:16Wi 22:31; Yos 5:13
1 Bb. 21:162Sam 24:17
1 Bb. 21:162Raj 19:1
1 Bb. 21:17Mzm 51:4
1 Bb. 21:17Pa 32:12; Wi 16:22
1 Bb. 21:182Sam 24:11
1 Bb. 21:182Sam 24:18-23; 2Bb 3:1
1 Bb. 21:22Wi 25:8
1 Bb. 21:23Yés 28:27
1 Bb. 21:242Sam 24:24, 25
1 Bb. 21:26Pa 20:25
1 Bb. 21:26Km 9:23, 24; 1Raj 18:38; 2Bb 7:1
1 Bb. 21:272Sam 24:16; Mzm 103:20
1 Bb. 21:291Raj 3:4; 1Bb 16:39; 2Bb 1:3
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
1 Babad 21:1-30

1 Babad

21 Terus, Sétan* nglawan Israèl lan ngojok-ojoki Daud kanggo ngétung wong Israèl.+ 2 Mula Daud kandha marang Yoab+ lan para pemimpin, ”Lungaa, étungen wong Israèl saka Béèr-syéba nganti tekan Dan,+ terus laporna marang aku bèn aku ngerti jumlahé.” 3 Ning Yoab kandha, ”Muga-muga Yéhuwah nggawé jumlahé wong-wong kuwi ping 100 luwih akèh. Rajaku, kabèh wong kuwi kan para abdimu, ta? Ngapa kok njenengan kaya ngéné iki? Ngapa kok njenengan nyebabké Israèl dadi dosa?”

4 Ning, Raja ora gelem ngrungokké Yoab. Mula, Yoab lunga menyang kabèh dhaérah Israèl. Bar kuwi, dhèwèké bali manèh menyang Yérusalèm.+ 5 Yoab mènèhi laporan marang Daud jumlahé wong sing kedaftar. Saka kabèh wong Israèl, ana 1.100.000 wong sing senjatané pedhang, lan saka dhaérah Yéhuda ana 470.000 wong sing senjatané pedhang.+ 6 Ning wong Lèwi lan wong Bènyamin ora mèlu didaftarké,+ merga omongané Raja kuwi njijiki kanggoné Yoab.+

7 Iki tenanan nggawé Gusti Allah sing bener ora seneng, mula Gusti Allah ngukum Israèl. 8 Terus, Daud kandha marang Gusti Allah sing bener, ”Aku wis dosa+ gedhé merga nindakké iki. Tulung apurana kesalahané abdi-Mu+ iki sing wis tumindak bodho banget.”+ 9 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Gad,+ wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah marang Daud, 10 ”Ngomonga ngéné marang Daud, ’Iki omongané Yéhuwah: ”Kowé Tak wènèhi telung pilihan. Pilihen salah siji, lan Aku bakal nindakké sing mbok pilih kuwi.”’” 11 Mula Gad marani Daud lan kandha, ”Iki omongané Yéhuwah, ’Pilihen salah siji: 12 Telung taun kelaparan,+ telung sasi diserang lan dikalahké pedhangé mungsuh,+ apa telung dina dihukum pedhangé Yéhuwah, yaiku wabah penyakit ing tanah iki,+ lan malaékaté Yéhuwah bakal nggawa bencana+ ing kabèh dhaérah Israèl.’ Pikirna tenanan jawaban apa sing kudu tak sampèkké marang Gusti Allah sing ngutus aku.” 13 Mula Daud ngandhani Gad, ”Iki nggawé aku strès banget. Bèn waé Yéhuwah sing ngukum aku, merga Dhèwèké gampang mesakké.+ Aja nganti manungsa sing ngukum aku.”+

14 Terus, Yéhuwah ngirim wabah penyakit+ menyang Israèl. Mula, ana 70.000 wong Israèl sing mati.+ 15 Sakliyané kuwi, Gusti Allah sing bener ngutus malaékat menyang Yérusalèm kanggo ngremuk kutha kuwi, ning pas malaékat mau arep nindakké kuwi, Yéhuwah ndelok lan sedhih banget* merga bencana kuwi,+ terus Dhèwèké kandha marang malaékat sing nggawa bencana mau, ”Wis cukup!+ Saiki tanganmu edhuna.” Malaékaté Yéhuwah kuwi lagi ngadeg ing cedhaké panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèké Ornan+ wong Yébus.+

16 Wektu Daud ndhangak, dhèwèké ndelok malaékaté Yéhuwah ngadeg ing antarané bumi lan langit karo nyekel pedhang+ sing diarahké menyang Yérusalèm. Daud lan para pemimpin* langsung sujud+ karo nganggo kain goni.+ 17 Daud kandha marang Gusti Allah sing bener, ”Kan aku ta sing ngongkon ngétung jumlahé wong-wong kuwi? Aku sing dosa, lan aku sing salah.+ Ning wong-wong iki* salah apa? Yéhuwah Gusti Allahku, tulung, aku lan keluargané bapakku waé sing dihukum. Ning, aja nganti umat-Mu sing kena bencana iki.”+

18 Terus, malaékaté Yéhuwah ngongkon Gad+ ngandhani Daud bèn lunga lan mbangun mézbah kanggo Yéhuwah ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèké Ornan wong Yébus.+ 19 Daud lunga nuruti omongané Gad sing diomongké nganggo jenengé Yéhuwah. 20 Wektu kuwi, Ornan lagi nggiles* gandum. Pas dhèwèké nolèh lan ndelok malaékat mau, anaké lanang papat sing bareng dhèwèké padha ndhelik. 21 Pas Daud mara, Ornan ndelok Daud, terus dhèwèké langsung metu saka panggonan kanggo nggiles biji-bijian* lan sujud ing ngarepé Daud. 22 Daud kandha marang Ornan, ”Edolen* panggonan kanggo nggiles biji-bijian* iki marang aku, bèn aku isa mbangun mézbah kanggo Yéhuwah ing kéné. Edolen marang aku nganggo rega sing sak mesthiné, supaya wabah penyakit sing nyerang bangsané awaké dhéwé kuwi mandheg.”+ 23 Ning Ornan kandha marang Daud, ”Rajaku, panggonan iki kanggo njenengan waé, lan njenengan isa nindakké apa waé sing apik nurut njenengan. Aku ya nyedhiakké sapi-sapi iki kanggo persembahan bakaran, papan kanggo nggiles+ biji-bijian bèn dadi kayu bakaré, lan gandum kanggo persembahan biji-bijian. Kabèh iki tak wènèhké njenengan.”

24 Ning Raja Daud kandha marang Ornan, ”Ora, kuwi kudu tak tuku nganggo rega sing sak mesthiné, merga aku ora bakal njupuk apa sing dadi duwèkmu lan mènèhké kuwi marang Yéhuwah, utawa aku mènèhké korban bakaran tanpa nggawé pengorbanan.”+ 25 Mula, Daud mènèhi Ornan emas sing aboté 600 syèkel* kanggo panggonan kuwi. 26 Terus, Daud mbangun mézbah+ kanggo Yéhuwah lan mènèhké korban bakaran lan korban kerukunan.* Dhèwèké ndonga marang Yéhuwah lan sing dijawab nganggo geni+ saka langit sing ngobong persembahan ing mézbah kuwi. 27 Terus, Yéhuwah ngongkon malaékat+ kuwi nglebokké pedhangé manèh. 28 Wektu Daud weruh nèk Yéhuwah wis njawab dhèwèké ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèké Ornan wong Yébus, Daud ajeg mènèhké korban ing kana. 29 Padahal, tabernakelé Yéhuwah sing digawé Musa ing padhang belantara lan mézbah persembahan bakaran ana ing panggonan dhuwur* ing Gibéon.+ 30 Ning, Daud ora lunga mrana kanggo njaluk tuntunané Gusti Allah merga dhèwèké wedi karo pedhangé malaékaté Yéhuwah.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim