PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Samuèl 24:10-14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Ning, hati nuraniné* Daud rumangsa salah+ sakwisé ngétung jumlahé wong-wong mau. Daud kandha marang Yéhuwah, ”Aku wis nggawé dosa+ merga nindakké iki. Yéhuwah, tulung abdi-Mu iki diapura+ merga wis nggawé keputusan sing salah.”+ 11 Ésuké pas Daud tangi, Yéhuwah kandha marang Nabi Gad,+ wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah marang Daud, 12 ”Kowé kudu lunga lan ngomong ngéné marang Daud, ’Iki omongané Yéhuwah: ”Kowé Tak wènèhi telung pilihan. Pilihen salah siji, lan Aku bakal nindakké sing mbok pilih kuwi.”’”+ 13 Mula, Gad marani Daud lan ngandhani dhèwèké, ”Kowé péngin ana kelaparan nganti pitung taun,+ apa kowé milih mlayu dioyak-oyak* mungsuh+ telung sasi suwéné, utawa kabèh wilayahmu kena wabah penyakit suwéné telung dina?+ Pikirna tenanan jawaban sing kudu tak sampèkké marang Gusti Allah sing ngutus aku.” 14 Mula Daud kandha, ”Iki nggawé aku strès banget. Bèn waé Yéhuwah sing ngukum aku,+ merga Dhèwèké gampang mesakké.+ Aja nganti manungsa sing ngukum aku.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim