28Pas mréntah dadi raja, Ahaz+ umuré 20 taun lan mréntah 16 taun suwéné ing Yérusalèm. Dhèwèké ora kaya Daud nènèk moyangé, merga dhèwèké ora nindakké sing bener nurut pandhangané Yéhuwah.+
5 Mula, Yéhuwah Gusti Allahé nyerahké dhèwèké marang raja Siria.+ Wong Siria ngalahké dhèwèké lan nggawa akèh tawanan menyang Damaskus.+ Dhèwèké ya diserahké marang raja Israèl sing matèni wong akèh banget.