-
Para Hakim 3:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Wektu wong Israèl njaluk tulung marang Yéhuwah,+ Yéhuwah nglantik wong kanggo nylametké wong Israèl,+ yaiku Otnièl+ anaké Kénaz, adhiné Kalèb. 10 Otnièl éntuk roh suciné Yéhuwah,+ lan dhèwèké dadi hakimé Israèl. Pas dhèwèké maju perang, Yéhuwah nggawé dhèwèké menang nglawan Kusyan-risyataim raja Mésopotamia.* Mula, dhèwèké ngalahké raja kuwi.
-
-
Para Hakim 4:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Débora kandha marang Barak, ”Majua, merga dina iki Yéhuwah bakal mbantu kowé ngalahké Siséra. Yéhuwah wis maju ing ngarepmu.” Mula, Barak mudhun saka Gunung Tabor. Ana wong 10.000 sing ngetutké dhèwèké.
-