-
Wilangan 11:16, 17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Terus, Yéhuwah njawab Musa, ”Pilihen wong lanang 70 saka antarané para pemimpin Israèl, yaiku para sesepuh lan pengawas+ sing menurutmu cocog kanggo tugas iki. Terus, kowé kudu ngumpulké wong-wong kuwi ing kémah pertemuan, lan kongkonen wong-wong kuwi ngadeg ing kana karo kowé. 17 Aku bakal mudhun+ lan ngomong karo kowé ing kana.+ Aku bakal njupuk sebagéan roh suci+ sing ana ing kowé lan mènèhké kuwi marang wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi bakal mbantu kowé ngawasi lan mimpin bangsa iki bèn kowé ora dhèwèkan nindakké kuwi.+
-
-
Para Hakim 14:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Mula, Simson mangkat bareng karo bapaké lan ibuné menyang Timnah. Pas tekan ing kebon anggur Timnah, ana singa nggero-nggero marani Simson. 6 Terus, roh suciné Yéhuwah mènèhi Simson kekuwatan,+ lan Simson nyuwèk singa kuwi dadi loro mung nganggo tangané kaya wong nyuwèk anak kambing. Ning, sing dhèwèké tindakké kuwi ora dicritakké marang bapaké lan ibuné.
-
-
1 Samuèl 11:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Pas Saul krungu kuwi, roh suciné Gusti Allah mènèhi kuwasa marang Saul.+ Terus, Saul dadi nesu banget.
-
-
2 Babad 15:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Roh suciné Gusti Allah mudhun ing ndhuwuré Azaria anaké Odèd.
-