-
Para Hakim 3:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Wektu wong Israèl njaluk tulung marang Yéhuwah,+ Yéhuwah nglantik wong kanggo nylametké wong Israèl,+ yaiku Otnièl+ anaké Kénaz, adhiné Kalèb. 10 Otnièl éntuk roh suciné Yéhuwah,+ lan dhèwèké dadi hakimé Israèl. Pas dhèwèké maju perang, Yéhuwah nggawé dhèwèké menang nglawan Kusyan-risyataim raja Mésopotamia.* Mula, dhèwèké ngalahké raja kuwi.
-
-
Para Hakim 14:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Mula, Simson mangkat bareng karo bapaké lan ibuné menyang Timnah. Pas tekan ing kebon anggur Timnah, ana singa nggero-nggero marani Simson. 6 Terus, roh suciné Yéhuwah mènèhi Simson kekuwatan,+ lan Simson nyuwèk singa kuwi dadi loro mung nganggo tangané kaya wong nyuwèk anak kambing. Ning, sing dhèwèké tindakké kuwi ora dicritakké marang bapaké lan ibuné.
-
-
1 Samuèl 10:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Mula, Saul karo pembantuné lunga saka kono menyang bukit. Ing kana, Saul ketemu karo sak kelompok nabi. Wektu kuwi, roh suciné Gusti Allah langsung mènèhi kuwasa marang Saul.+ Saul mulai mènèhi ramalan+ ing antarané wong-wong kuwi. 11 Wektu ngerti nèk Saul mènèhi ramalan bareng karo para nabi, wong-wong sing sakdurungé wis kenal Saul padha takon, ”Anaké Kis kuwi kena apa? Apa Saul kuwi ya nabi?”
-