PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 19:4, 5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Sakdurungé tamuné Lot kuwi turu, wong-wong lanang ing kutha Sodom, saka sing enom nganti sing tuwa, padha ngepung omahé Lot ramé-ramé. 5 Wong-wong kuwi bengok-bengok marang Lot, ”Endi wong-wong sing mau teka ing omahmu? Gawanen metu bèn wong-wong kuwi isa tak jak hubungan sèks.”+

  • Kaimaman 20:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 ”’Nèk ana wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo wong lanang kaya nèk nindakké hubungan sèks karo wong wédok, wong loro kuwi nglakoni tumindak sing njijiki kanggoné Gusti Allah.+ Loro-loroné kudu dipatèni. Wong loro kuwi mati merga kesalahané dhéwé.

  • Roma 1:27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Sing lanang ya ora turu karo wong wédok, ning malah seneng banget turu karo wong sing padha-padha lanangé.+ Tumindaké wong-wong kuwi njijiki, mula wong-wong kuwi bakal éntuk hukuman* sing sesuai karo dosané.+

  • 1 Korintus 6:9, 10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing ora bener ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah?+ Aja ngapusi awakmu dhéwé.* Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,*+ wong sing nyembah brahala,+ wong sing laku jina,+ wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo wong lanang,*+ 10 wong sing nyolong, wong sing srakah,+ wong sing seneng mabuk,+ wong sing seneng ngrèmèhké,* lan wong sing ngrampok ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah.+

  • Yudas 7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Kuwi kaya Sodom lan Gomora, lan kutha-kutha ing sekitaré. Wong-wong ing kono nindakké hubungan sèks sing ora pantes* lan bejat.+ Wong-wong kuwi ya nindakké hubungan sèks sing ora wajar. Wong-wong kuwi dihukum nganggo geni sing murub terus*+ bèn dadi pangéling-éling kanggo awaké dhéwé.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim