PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 15:18-21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Ing dina kuwi, Yéhuwah nggawé perjanjian karo Abram.+ Gusti Allah kandha, ”Aku bakal mènèhké tanah iki marang keturunanmu,*+ yaiku saka kali ing Mesir tekan kali gedhé, yaiku Kali Éfrat.+ 19 Tanah sing bakal Tak wènèhké yaiku tanahé wong Kèni,+ wong Kénaz, wong Kadmon, 20 wong Hèt,+ wong Pèriz,+ wong Réfaim,+ 21 wong Amori, wong Kanaan, wong Girgasyi, lan wong Yébus.”+

  • Pangentasan 3:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Aku bakal mudhun* lan nylametké wong-wong kuwi saka wong Mesir lan nggawa wong-wong kuwi metu saka tanah Mesir.+ Terus, wong-wong kuwi bakal Tak gawa menyang tanah sing subur lan amba, sing akèh susu lan maduné,+ yaiku tanahé wong Kanaan, wong Hèt, wong Amori, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+

  • Para Hakim 3:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Wong Israèl manggon ing antarané wong Kanaan,+ wong Hèt, wong Amori, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.

  • 1 Para Raja 9:20, 21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Kabèh wong sing isih urip saka wong Amori, wong Hèt, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus,+ sing dudu bagéan saka wong Israèl,+ 21 yaiku keturunané wong-wong kuwi sing ora isa disingkirké wong Israèl saka tanah kuwi, diwajibké Salomo kanggo dadi budhak kerja paksa nganti saiki.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim