PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 34:15, 16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Aja nggawé perjanjian karo penduduk tanah kuwi. Nèk wong-wong kuwi nyembah* allah-allahé lan mènèhké persembahan marang allah-allahé,+ kowé bakal dikongkon mèlu-mèlu kaya ngono, terus kowé bakal mèlu mangan panganan sing diwènèhké dadi persembahan.+ 16 Terus, mesthi kowé bakal nikahké anakmu lanang karo anaké wédok+ penduduk ing tanah kuwi. Anaké wédok wong-wong kuwi bakal nyembah allah-allahé lan nggawé anakmu lanang ya nyembah allah-allahé wong-wong kuwi.+

  • Wilangan 25:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Pas wong Israèl manggon ing Syitim,+ wong-wong kuwi nindakké hubungan sèks karo wong-wong wédok Moab.+ 2 Wong-wong wédok kuwi ngejak wong Israèl mènèhké korban kanggo allah-allahé.+ Terus, wong Israèl mulai mangan lan sujud nyembah allah-allahé wong Moab.+

  • Pangandharing Torèt 7:3, 4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Aja nikah karo wong saka bangsa-bangsa kuwi. Aja nikahké anak-anakmu wédok karo anak-anaké lanang bangsa kuwi, lan aja nikahké anak-anakmu lanang karo anak-anaké wédok bangsa kuwi.+ 4 Anaké wédok bangsa kuwi bakal nggawé anakmu lanang nyembah allah-allahé bangsa kuwi.+ Terus, Yéhuwah bakal nesu banget karo kowé, lan Dhèwèké bakal langsung nyingkirké kowé.+

  • 1 Para Raja 11:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Raja Salomo nresnani akèh wong wédok asing+ sakliyané putri Firaun,+ yaiku wong wédok Moab,+ Ammon,+ Sidon,+ lan Hèt.+

  • 1 Para Raja 11:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Pas Salomo wis tuwa,+ bojo-bojoné nggawé atiné Salomo nyimpang marang allah-allah liya,+ lan dhèwèké ora saktulusé ati ngabdi marang Yéhuwah Gusti Allahé. Dhèwèké ora kaya Daud bapaké.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim