19 Samuèl njawab, ”Ya aku iki wongé. Kowé mlaku dhisikan waé menyang panggonan dhuwur. Dina iki kowé bakal mangan bareng karo aku.+ Aku bakal ngeterké kowé mulih sésuk ésuk, lan kabèh sing péngin mbok ngertèni* bakal tak jawab.
27 Terus Raja kandha marang Imam Zadok, ”Kowé kuwi wong sing isa ngerti wahyu.+ Kana kowé bali menyang kutha, muga-muga kabèh lancar. Gawanen Ahimaaz anakmu lan Yonatan+ anaké Abiatar.
22 Kabèh wong sing dipilih dadi penjaga gerbang jumlahé 212. Wong-wong kuwi manggon ing panggonané sesuai daftar silsilahé wong-wong kuwi.+ Daud lan Samuèl sing isa ngerti wahyu+ mènèhi tugas kuwi marang wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi isa dipercaya.
29 Sejarahé Raja Daud, saka awal nganti akhir, dicathet ing tulisané Samuèl wong sing ngerti wahyu, ing tulisané Nabi Natan,+ lan ing tulisané Gad+ wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah,