-
1 Samuèl 10:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Samuèl kandha marang bangsa kuwi, ”Apa kowé ndelok wong sing wis dipilih Yéhuwah iki?+ Ing antarané kabèh wong, ora ana wong sing kaya dhèwèké.” Terus, kabèh wong padha mbengok, ”Muga-muga Raja diberkahi!”
-
-
1 Samuèl 11:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Terus, Samuèl ngandhani bangsa kuwi, ”Ayo awaké dhéwé lunga menyang Gilgal+ kanggo ngumumké manèh nèk Saul kuwi raja.”+ 15 Mula, kabèh wong kuwi lunga menyang Gilgal. Ing kana, wong-wong kuwi ndadèkké Saul raja ing ngarepé Yéhuwah. Wong-wong kuwi mènèhké korban kerukunan* ing ngarepé Yéhuwah.+ Terus, Saul lan kabèh wong Israèl seneng banget wektu ngrayakké kuwi.+
-