PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 8:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 kowé kudu éling nèk Yéhuwah Gusti Allahmu sing mènèhi kuwasa marang kowé bèn isa dadi sugih.+ Kuwi merga Gusti Allah nepati sumpahé marang nènèk moyangmu, kaya sing wis ditindakké dina iki.+

  • Pangandharing Torèt 28:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Yéhuwah bakal mbukak gudhangé sing kebak, yaiku langit, bèn ing tanahmu ana udan pas musimé.+ Kabèh sing mbok tindakké bakal diberkahi. Akèh bangsa bakal utang marang kowé, ning kowé dhéwé ora bakal utang marang sapa-sapa.+

  • 2 Babad 1:11, 12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Terus, Gusti Allah kandha marang Salomo, ”Merga kuwi sing mbok péngini lan kowé ora njaluk harta, kekayaan, kehormatan, utawa bèn wong-wong sing sengit marang kowé padha mati, lan kowé ya ora njaluk umur dawa, ning kowé njaluk kawicaksanan lan pengetahuan kanggo ngadili umat-Ku, sing wis Tak percayakké marang kowé kanggo mbok préntah,+ 12 mula, Aku bakal mènèhi kowé kawicaksanan lan pengetahuan. Aku ya bakal mènèhi kowé harta, kekayaan, lan kehormatan sing ora diduwèni raja-raja sakdurungé kowé utawa sakwisé kowé.”+

  • Ayub 42:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Yéhuwah mberkahi Ayub luwih akèh timbang sakdurungé.+ Ayub nduwé domba 14.000, unta 6.000, sapi 2.000,* lan keledai wédok 1.000.+

  • Wulang Bebasan 10:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Berkahé Yéhuwah sing nggawé wong dadi sugih,+

      Lan berkahé ora nyebabké wong dadi susah.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim