PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 17:9, 10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Gusti Allah kandha karo Abraham, ”Kowé lan kabèh keturunanmu* kudu nepati perjanjian-Ku karo kowé. 10 Iki perjanjian-Ku karo kowé: Kabèh wong lanang ing antaramu kudu disunat.+ Kowé lan keturunanmu* kudu manut karo perjanjian iki.

  • Para Hakim 14:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Ning bapaké lan ibuné kandha, ”Apa kowé ora isa nggolèk bojo saka antarané keluarga lan bangsané awaké dhéwé?+ Apa kowé kudu nggolèk bojo saka antarané wong Filistin sing ora disunat?” Ning Simson njawab bapaké, ”Dadèkna dhèwèké bojoku merga dhèwèké sing paling cocog kanggo aku.”*

  • Para Hakim 15:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Terus, Simson krasa ngelak banget lan njaluk tulung marang Yéhuwah. Simson kandha, ”Njenengan wis mènèhi kemenangan sing gedhé marang abdi-Mu iki. Saiki, apa Njenengan bakal meneng waé ndelok aku mati merga ngelak? Apa Njenengan bakal meneng waé ndelok aku dikalahké wong-wong sing ora disunat iki?”

  • 1 Samuèl 17:36
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 36 Abdimu iki wis matèni singa lan beruang. Wong Filistin sing ora disunat kuwi ya bakal mati merga wis nantang* pasukané Gusti Allah sing urip.”+

  • 1 Babad 10:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Terus, Saul kandha marang sing mbantu nggawa senjatané, ”Jupuken pedhangmu lan tusuken aku bèn aku ora disiksa*+ karo wong-wong sing ora disunat iki.” Ning, sing mbantu sing nggawa senjatané ora gelem merga dhèwèké wedi banget. Mula, Saul njupuk pedhang kuwi lan ditusukké ing awaké.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim