1 Babad
10 Wong Filistin perang nglawan Israèl. Wong Israèl padha mlayu saka ngarepé wong Filistin lan akèh sing mati ing Gunung Gilboa.+ 2 Wong Filistin terus-terusan ngoyak* Saul lan anak-anaké, terus matèni anak-anaké Saul yaiku Yonatan, Abinadab, lan Malkhi-syua.+ 3 Perangé dadi saya abot kanggo Saul. Para pemanah nemokké Saul terus manah dhèwèké. Saul dadi luka parah.+ 4 Terus, Saul kandha marang sing mbantu nggawa senjatané, ”Jupuken pedhangmu lan tusuken aku bèn aku ora disiksa*+ karo wong-wong sing ora disunat iki.” Ning, sing mbantu sing nggawa senjatané ora gelem merga dhèwèké wedi banget. Mula, Saul njupuk pedhang kuwi lan ditusukké ing awaké.+ 5 Wektu weruh nèk Saul wis mati, sing mbantu nggawa senjatané nusuk awaké nganggo pedhang lan mati. 6 Dadi, Saul lan anaké lanang telu mati, lan kabèh keluargané ya mati bareng.+ 7 Wektu kabèh wong Israèl ing lembah ngerti nèk kabèh prajurit wis padha mlayu lan Saul lan anak-anaké lanang wis mati, wong-wong kuwi padha ninggalké kutha-kuthané terus mèlu mlayu. Bar kuwi, wong Filistin teka lan manggon ing kono.
8 Sésuké, wektu njarah barang-barangé prajurit sing wis mati, wong Filistin ndelok nèk Saul lan anak-anaké lanang wis mati ing Gunung Gilboa.+ 9 Mula, wong Filistin njupuk klambi perangé Saul, terus njupuk sirahé Saul lan senjatané. Wong Filistin ngirim utusan menyang kabèh dhaérah ing Filistin bèn nyebarké kabar kuwi ing kuil-kuil brahala+ lan kabèh rakyat. 10 Terus, wong Filistin ndèlèhké senjatané Saul ing kuilé déwané wong-wong kuwi lan maku sirahé Saul ing kuil Dagon.+
11 Wektu kabèh penduduk Yabès+ ing Giléad krungu soal kabèh sing wis ditindakké wong Filistin marang Saul,+ 12 kabèh pejuangé lunga lan njupuk mayaté Saul lan anak-anaké Saul. Para pejuang kuwi nggawa kabèh mau menyang Yabès lan ngubur balung-balungé Saul lan anak-anaké ing ngisor wit gedhé ing Yabès,+ terus padha pasa nganti pitung dina.
13 Dadi, Saul mati merga ora setya marang Yéhuwah. Dhèwèké ora manut omongané Yéhuwah,+ lan dhèwèké ya njaluk naséhaté wong sing isa ngundang arwah+ 14 timbang njaluk tuntunané Yéhuwah. Mula, Gusti Allah matèni dhèwèké lan nyerahké kekuasaané dadi raja marang Daud anaké Isai.+