-
1 Samuèl 13:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Samuèl ngandhani Saul, ”Tumindakmu kuwi ora bener. Kowé wis ora manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Sakjané nèk kowé manut, Yéhuwah mesthi bakal nggawé kerajaanmu terus mréntah Israèl saklawasé.
-
-
1 Samuèl 15:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Terus Samuèl kandha, ”Endi sing luwih nyenengké Yéhuwah: Mènèhké persembahan bakaran lan korban+ apa manut karo omongané Yéhuwah? Manut kuwi luwih apik timbang mènèhké korban.+ Nggatèkké tenanan kuwi luwih apik timbang mènèhké gajihé+ domba lanang. 23 Mbrontak+ kuwi padha jahaté karo ngramal.+ Lancang kuwi padha karo nggunakké ilmu gaib lan nyembah brahala.* Merga kowé wis nolak omongané Yéhuwah,+ Dhèwèké ya nolak kowé dadi raja.”+
-