-
1 Samuèl 31:8-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Sésuké, wektu njarah barang-barangé prajurit sing wis mati, wong Filistin ndelok nèk Saul lan anaké lanang telu wis mati ing Gunung Gilboa.+ 9 Mula, wong Filistin nugel sirahé Saul lan njarah senjatané. Wong Filistin ngirim utusan menyang kabèh dhaérah ing Filistin bèn ngandhani kabar kuwi+ ing kuil-kuil brahala+ lan ngandhani kabar kuwi karo kabèh rakyat. 10 Terus, wong Filistin ndèlèhké senjatané Saul ing kuil patung-patung Astorèt. Mayaté Saul dipaku ing témbok Bèt-syan.+
-