PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Samuèl 28:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Pasukan Filistin padha ngumpul lan kémah ing Syunem.+ Mula, Saul ngumpulké kabèh pasukan Israèl lan kémah ing Gilboa.+

  • 1 Samuèl 31:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Wong Filistin perang nglawan Israèl.+ Wong Israèl padha mlayu saka ngarepé wong Filistin, lan akèh sing mati ing Gunung Gilboa.+

  • 2 Samuèl 1:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Cah enom kuwi njawab, ”Ndilalah wektu kuwi aku ana ing Gunung Gilboa.+ Ing kana, aku ndelok Saul lagi nyèndhèr ing tombaké. Terus, ana kréta perang lan para prajurit mungsuh sing numpak jaran sing saya nyedhak.+

  • 1 Babad 10:8-12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Sésuké, wektu njarah barang-barangé prajurit sing wis mati, wong Filistin ndelok nèk Saul lan anak-anaké lanang wis mati ing Gunung Gilboa.+ 9 Mula, wong Filistin njupuk klambi perangé Saul, terus njupuk sirahé Saul lan senjatané. Wong Filistin ngirim utusan menyang kabèh dhaérah ing Filistin bèn nyebarké kabar kuwi ing kuil-kuil brahala+ lan kabèh rakyat. 10 Terus, wong Filistin ndèlèhké senjatané Saul ing kuilé déwané wong-wong kuwi lan maku sirahé Saul ing kuil Dagon.+

      11 Wektu kabèh penduduk Yabès+ ing Giléad krungu soal kabèh sing wis ditindakké wong Filistin marang Saul,+ 12 kabèh pejuangé lunga lan njupuk mayaté Saul lan anak-anaké Saul. Para pejuang kuwi nggawa kabèh mau menyang Yabès lan ngubur balung-balungé Saul lan anak-anaké ing ngisor wit gedhé ing Yabès,+ terus padha pasa nganti pitung dina.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim