-
1 Babad 10:1-5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Wong Filistin perang nglawan Israèl. Wong Israèl padha mlayu saka ngarepé wong Filistin lan akèh sing mati ing Gunung Gilboa.+ 2 Wong Filistin terus-terusan ngoyak* Saul lan anak-anaké, terus matèni anak-anaké Saul yaiku Yonatan, Abinadab, lan Malkhi-syua.+ 3 Perangé dadi saya abot kanggo Saul. Para pemanah nemokké Saul terus manah dhèwèké. Saul dadi luka parah.+ 4 Terus, Saul kandha marang sing mbantu nggawa senjatané, ”Jupuken pedhangmu lan tusuken aku bèn aku ora disiksa*+ karo wong-wong sing ora disunat iki.” Ning, sing mbantu sing nggawa senjatané ora gelem merga dhèwèké wedi banget. Mula, Saul njupuk pedhang kuwi lan ditusukké ing awaké.+ 5 Wektu weruh nèk Saul wis mati, sing mbantu nggawa senjatané nusuk awaké nganggo pedhang lan mati.
-