- 
	                        
            
            1 Samuèl 31:1-5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
- 
                            - 
                                        31 Wong Filistin perang nglawan Israèl.+ Wong Israèl padha mlayu saka ngarepé wong Filistin, lan akèh sing mati ing Gunung Gilboa.+ 2 Wong Filistin terus ngoyak* Saul lan anak-anaké. Bar kuwi, wong Filistin matèni anak-anaké Saul+ yaiku Yonatan,+ Abinadab, lan Malkhi-syua. 3 Perangé dadi saya abot kanggo Saul. Para pemanah nemokké Saul lan manah dhèwèké. Saul dadi luka parah.+ 4 Terus, Saul kandha marang sing mbantu nggawa senjatané, ”Jupuken pedhangmu, terus tusuken aku bèn aku ora ditusuk lan disiksa* karo wong-wong sing ora disunat iki.”+ Ning, sing mbantu nggawa senjatané ora gelem merga wedi banget. Mula, Saul njupuk pedhang kuwi lan ditusukké ing awaké.+ 5 Wektu weruh nèk Saul wis mati,+ sing mbantu nggawa senjatané nusuk awaké nganggo pedhang lan mati bareng Saul. 
 
- 
                                        
- 
	                        
            
            2 Samuèl 1:25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
- 
                            - 
                                        25 Para prajurit padha mati ing perang. Yonatan wis dipatèni ing panggonan-panggonanmu sing dhuwur!+ 
 
-