14 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Kowé kudu nulis iki ing buku bèn isa diéling-éling, ’Aku bakal nyingkirké wong Amalèk saka bumi,* lan wong-wong kuwi ora bakal diéling-éling manèh.’ Kowé ya kudu ngomongké kuwi marang Yosua.”+
19 Nèk Yéhuwah Gusti Allahmu wis mbébaské kowé saka kabèh mungsuhmu sing ana ing sekitarmu, ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu bèn dadi warisan kanggo kowé,+ kowé kudu matèni kabèh wong Amalèk bèn wong-wong kuwi ora diéling-éling manèh ing bumi iki.+ Kowé aja nganti lali.
3 Saiki, kowé kudu matèni kabèh wong Amalèk.+ Wong Amalèk lan kabèh sing diduwèni kudu mbok singkirké.+ Aja nganti ana sing isih urip.* Kabèh kudu mbok patèni,+ wong lanang lan wong wédok, bocah-bocah lan bayi, sapi lan domba, unta lan keledai.’”+